Sabtu, 20 September 2014
Bibit Bebet Bobot
Sore iku Bayu moro neng omahe mbah kakung.
Bayu : Assalamualaikum mbah...
Kakung : Wa'alaikum salam...eehhh kowe to le...tumben mrene ono perlu opo??
Bayu : kulo badhe nyuwun donga pangestu sampean supoyo lancar sing golek bojo mbah...
Kakung : ealahhhh...kowe durung payu to le....tak kandani yen golek bojo iku kudu sing teliti ben ra gelo ing tembe mburine...Kowe kudu ngerti marang BOBOT.BIBIT lan BEBET...
Bayu : Yen niku kulo sampun ngertos mbah...Bobot niku artine abot to mbah??? berarti kulo kudu golek bojo sing gendut yo mbah???
Kakung : ngawuuur...BOBO T iku maksute kualitas calon bojomu termasuk pendidikane,nyambut gawene lan taat agamane....Yen bibit wes ngerti durung???
Bayu : hahahaaha...gampang ditebak niku mbah...yen bibit kan kudu nandur bibit rumuyin neng wetenge calon bojone...bener to mbah??? xixixiixiixi...
Kakung : nandur bibit dengkulmu mlocoot...!!!!! ...BIBIT iku artine kowe kudu ngerti asal usule bojomu,,keadaan kluargane apik po ora,,kowe kudu ngerti...
BAyu : lha yen bebet niku nopo mbah??
Kakung : BEBET iku maksute kowe kudu ngerti pergaulane calon bojomu lan lingkungane...paham to??
Bayu : paham mbah..matur nuwun sampun diparingi nasehat..kulo badhe pamit rumiyin mbah...
Kakung : ehh..ehhh...mengko disik to...aku durung rampung...khusus kanggo kowe kudu ditambahi BABAT lan BUBUT....
Bayu : maksute niku nopo mbah....
Kakung : BABAT iku maksute....KOWE KUDU mBABAT RUPAMU SUPOYO ROTO.....
Bayu : ( tibo nggeblak )...asem kowe mbah...
Kakung : isih ono BUBUT...iki sing paling penting supoyo calon bojomu marem entuk bojo kowe...
Bayu : tenan niku mbah,,,trus nopo maksute??? (penasaran)
Kakung : tenan Le...BUBUT iku maksute...(Bayu ngenteni karo deg-degan) Kw kudu mBubutne untumu sing maju sak meter kui. *guyu gulung2 tekan mburi omah*
Bayu : ( kejet kejet trus muleh jupuk pacul )
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar