Rabu, 27 Agustus 2014

cita-cita


Iki Critane pas jam pelajaran sekolah ono ing kelas 1 sekolahan SD "SANTA TINORA DIKUINASKAN" (Sekolah Dasar yayaSAN swasTA prihaTIN ORA DIaKUI diNAS pendidiKAN).

Guru Mukri : Anak-anak..!! Pak Guru arep takon opo besok cita-citamu yen wis gedhe..? Di mulai songko Sarno..?

Sarno : Aku pengen dadi "PENERBANG" Pak Guru.

Guru Mukri : Wah apik kuwi, berarti pengen dadi PILOT yoo..

Sarno : Huehehee Ora lan mboten Pak Guru..tapi PENERBANG alias penabuh REBANA koyo bapak'e kulo anggota GAMBUS..huuehee (karo nyutik'i upil nganggo potlot)

Guru Mukri : Yowis Sak karepmu.?! Saiki Sodron..opo cita-citamu..?

Sodron : Yen kulo mboten muluk-muluk Pak Guru..,cuman pengen dadi ABRI mawon..huehehe (karo jongkati rambute nganggo driji)

Guru Mukri : Wah mulia kuwi,AD,AL,AU..?

Sodron : Mboten ABRI tentara maksute Pak Guru, tapi ABRI "Anak Buah Rhoma Irama" kulo kan fans berate Raja Dangdut, Judii.. ngeek.!! huehehee..(Karo nyekeli sapu dinggo gitaran)

Guru Mukri : Miodiaarr..murid kog gendheng rajelas kabeh..jan-jane kesurupan setan kuburan ngendi iki mau hah..?! Saiki Juminten opo cita-citamu..? (Karo mumet jambak'i botak'e)

Juminten : Kulo yen gedhe pengen dadi NGANTEN/PENGANTIN Pak Guru..xixixii..(Karo ngilo nganggo koco pengilon sing ning ungkalan pensil)

Guru Mukri : Lha dalah jiaan kog rusak kabeh iki pikirane bocah-bocah..!!, Saiki kowe Dot Sardot...awit mau ngantuk wae ning pojok'an,opo cita-citamu..?! Byuuh wuasem iik..!!(Karo nyedot udute tapi keliru kapur tulis sing diemut)

Sardot : Kik..kik..kik (nyekikik di batin amargo ndelok tingkahe Guru Mukri,lan terus Sardot jawab tanpa Bangsa Banci..eh salah tanpa Basa Basi maksute) Kulo pengen mewujudkan cita-citane Juminten Pak Guru..?! Huehehee (karo ngedipi sbelah mata ning Juminten)

Guru Mukri : WOOiii..!!! Dot kowe ki ijeh cilik pikiranmu wis mesum Hah..!! (Karo ngangkat mejo) maksudku opo cita-citamu sing sak benere lan ono hubungane kanggo pekerjaan,ngerti ora..!! Matematikamu wis bijimu elek isomu berhitung cuman songko ongko 1 tekan 10 tok..cepet baleni jawab opo cita-citamu.?!

Sardot : Mangkane Pak Guru kulo ngapalke berhitung ongko 1 tekan 10 tok, amargo iku ono hubungane karo cita-citaku, yoiku cita-citaku...
*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*

*
Aku pengen dadi WASIT TINJU pak Guru...huehehee (karo drijine njuding diangkat mengisor menduwur,karo muni 1..2..3..4..lan sakteruse tekan 10 hehehee)

Guru Mukri : (Gledak semaput kejet-kejet amargo stres mikir murite, ora ditulungi,malah diitungi karo Sardot 1-10 akhire ora tangi,terus sardot muni HOREE...PAK GURU KO ,huehehee).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar